How

Mbangun Dalan Desa ing Kecamatan Singgahan Minongko Upaya Memperlancar Pemerataan Ekonomi

Ditulis: Lailatudzurrohmah

"Membangun dan mewujudkan insfrastruktur desa dan utilitas kota yang terpadu, partisipatif, efektif, berwawasan lingkungan serta selaras dengan pertumbuhan dan pemerataan sosial, ekonomi dan budaya, serta bertumpu pada nilai-nilai agama, budaya, dan kearifan lokal. "

Education

Woco

Mbangun Dalan Desa ing Kecamatan Singgahan Minongko Upaya Memperlancar Pemerataan Ekonomi

"Membangun dan mewujudkan insfrastruktur desa dan utilitas kota yang terpadu, partisipatif, efektif, berwawasan lingkungan serta selaras dengan pertumbuhan dan pemerataan sosial, ekonomi dan budaya, serta bertumpu pada nilai-nilai agama, budaya, dan kearifan lokal. "

Infrastruktur padesan iku nggadahi arti infrastruktur kang gadhahi sipat fisik lan maringake akses marang pelayanan dhasar utawa pelayanan sosial uga babagan ekonomi kanggo masyarakat padesan. Pembangunan infrastruktur desa dadi perangan saka misi pertama Pamarintah Kabupaten Tuban kanggo majukno Kabupaten Tuban. Salah sijine perwujudan saka misi kasebut pamarintah nindakake pembangunan infrastruktur dalan ing padesan. Yen dipun pengeti maneh dalan-dalan ing desa tesih kathah kang rusak, ora arang kedadeyan kacilakaan amarga dalane kang elek.

"Untuk infrastruktur, Pemkab menganggarkan sebanyak Rp 180 miliar sampai Rp 200 miliar untuk pembangunan jalan lingkungan, jalan kota, irigasi, drainase dan seterusnya," ngendikane Bapa Bupati Tuban, kang sinebut Aditya Halindra Faridzky SE, dikutip saka tubankab.go.id.

Bupati Tuban uga nambahake, program pembangunan dalan rusak arep digabungake bebarengan pemerintah desa saengga pada nyengkuyung pembangunan dalan ing karang padesan. Dene dana kanggo pembangunan iki separone iku saka Pemkab lan separone maneh iku saka Dana Desa (DD). Miturut Bupati Tuban total sakabehaning pembangunan dalan lingkungan ing Tuban sakdawane 120 kilometer, kang 60 kilometer diwangun dening desa lan 60 kilometer liyane diwangun dening Pemkab Tuban.

Kecamatan Singgahan, yaiku sawijining laladan ing Kabupaten Tuban kang kabangun saka 12 kelurahan/desa. Ing Kecamatan Singgahan uga dianakake pembangunan dalan. Pembangunan dalan ing Kecamatan Singgahan ora ditindakake ing kabeh desa amarga dalane iseh pantes dienggo. Desa-desa kang didandani antarane Mulyoagung, Mergosari, Tanggir, Laju Kidul, lan Laju Lor.

Jalan Imam Bonjol Desa Laju Lor lan Jalan Panglima Sudirman Desa Mulyoagung kang dadi dalan kang sinambung Kecamatan Jatirogo lan Kabupaten Bojonegoro. Dalan kasebut uga dadi penghubung antarane Jawa Tengah lan Jawa Wetan kang artine kagiyatan ekonomi iso gumantung ing dalan kasebut. Nanging ing dalan kasebut tesih dipanggihake dalan kang berlubang lan babagan iku tamtune ngancem keslametan pengendara. Yen pengendara ora fokus utawa sembrana sithik wae lan nrabas dalan kang bolong mau mula kacilakan ora bisa diendhani maneh.

Ora mung mligi ing dalan gede wae, Pemkab Tuban uga dadekake dalan-dalan kang ngubungake antar desa kaya dalan kang ngubungake Desa Tunggulrejo, Mergosari, lan Tanggir. Dalan kasebut dadi alternatif kabeh warga saka telung desa kanggo nindakake kagiytan ekonomi. Dalan kasebut akeh diliwati para petani uga ngerangkep dadi (peternak) kang pada golek suket kanggo pakan raja kayane. Ora mung iku dalan kasebut uga dadi dalan kang nyambungake marang dalan gedhe uga bisa dadi dalan liyane yen kepingin ing pasar.

Ing sasi kepungkur iki, Pemkab wis ngrampungake pengaspalan ing Jalan Kedungmulyo Desa Laju Kidul. Dalan kasebut dadi dalan akses paling cepet kanggo masyarakat kang arep menyang Pasar Bangilan utamane wong kang saka arah wetan kaya saka Singgahan, Parengan, lan Montong. Pasar Bangilan kalebu pasar kang gedhe lan asring didugini masyarakat saka kecamatan liyo, ora mung kanggo belanja, uga akeh kang dugi Pasar Bangilan kanggo nyade. Lajeng disusul pembangunan ing Jalan Raya Panjen Kidul Desa Laju Kidul. Pembangunan ing dalan iki durung rampung, Pemkab inggal miwiti kanthi ngurug trotoar amarga lemahe wis ambles jero banget. Babagan kasebut kang asring bebayani uga asring mangaribawani dumadine kacilakaan.

Dideleng saka kasunyatan-kasunyatan ing dhuwur, pembangunan dalan iku babagan kang wigati banget kanggo nambahi kemajuan siji laladan. Ngelingi yen dalan, yaiku prasarana transportasi kanggo kagiyatan ekonomi. Pembangunan dalan prelu ditindakake ing padesan dudu mung ing kutha-kutha gedhe supaya pemerataan ekonomi bisa kelampahan sarta bisa nginggahno kualitas urip lan kesejahteraan masarakat desa. Anane pembangunan prasarana dalan, masarakat bisa migunakake dalan kasebut karo sawetara kabutuhan kang dheweke kabeh perlukan, kaya nglampahaken mobilitas, pemasaran kasil pertaniane, nggawa kasil pertanian ben luwih gampang, lan liya-liya.

Ora mung kerja sama antara Pemkab lan pemerintah Desa kang diperlukake, partisipasi saka masarakat uga diperlukake sanget kanggo nyuksesake program iki. Diarep-arep kanthi anane pembangunan iki kagiyatan ekonomi bisa lumaku kanthi lancar lan ora ana gangguan amarga dalan kang rusak.(Lailatudzurrohmah)

Need any help with your idea?

      
Scroll to Top